BARATAYUDA PERANG NGUDI ADIL LAN BENER



Kacarita nalika semana, saya caked cucuking baris pandhawa lan kurawa, saya katon cetha wela-wela baris lan tetindhihing mungsuh. Kumesar penggalihira rising Dananjaya nalika wuninga lamun mungsuh ira dudu wong liya, ananging para kadang Santana, pepundhen myang sagotra, sakala angles banyuning angga kadya denlolosi.
Awas mulat Sri Bathara Kresna lekasi ingkang rayi dyan Arjuna, sigra mesad marepegi. Sri Kresna sigra andhangu dharunane kang sigra cinaosan wangsulan dening sang Arjuna. “Duh kaka Prabu jimat pepundhen kula, menawi mekaten sumangga kawurungna kewala paprangan punika mumpung