Kacarita nalika semana, saya caked cucuking baris pandhawa
lan kurawa, saya katon cetha wela-wela baris lan tetindhihing mungsuh. Kumesar
penggalihira rising Dananjaya nalika wuninga lamun mungsuh ira dudu wong liya,
ananging para kadang Santana, pepundhen myang sagotra, sakala angles banyuning
angga kadya denlolosi.
Awas mulat Sri Bathara Kresna lekasi ingkang rayi dyan
Arjuna, sigra mesad marepegi. Sri Kresna sigra andhangu dharunane kang sigra
cinaosan wangsulan dening sang Arjuna. “Duh kaka Prabu jimat pepundhen kula,
menawi mekaten sumangga kawurungna kewala paprangan punika mumpung
dereng
kalajeng tempuk. Apes temen budaya kula dene mengsah sadherek piyambak miwah
para pepundhen”
Sri Bathara Kresna kang banget kejot ing penggalih sigra
paring sabda : “Yayi Arjuna, lamun sira darbe sedya amurungake perang
Baratayuda iki, tegese selak marang
wajibing satriya satriyaning praja. Awit satriya iku kudu darbe darma. Siji
lumeksa lan setya marang bumi kalairan sarta prajane. Kapindo setya tuhu marang
janji, angandhemil wacana kang kawedhar. Katelue tumindak ing bebener lan
alandhesan sifat adil. Mungguh ing kasusilan, utawi kebudayaan ing bebrayan
agung” Baratayuda Jayabinangun iku wus dentetepake dumadine dening rakanta yayi
Samiaji. Sira kang kudu anyenkuyung melu andhadha lan amikul. Lamun sira minta
wurunge paprangan iki, sira banjur kalebu ewonging satriya tan angandhemi
wacana kang wus kawedhar lan suka amblenjani janji. Yayi, ing perang gedhe iki
anane mung kudu angantepi rasa adil lan bener, dudu benere kang wangkot lan
ambekunung, ananging bebener kang den sayogyani dening kabudayan, kasusilan,
apadene wedhalan pepakening agama.
Ing perang Baratayuda sanjata-sanjata kang ampuh kagunakake
kayata sanjata Pasupati piandele R. Arjuna, sanjata cakra, sanjata
Kuntawijayadanu lan sapanunggalane. Mula ora eram Manawa bebaten akeh banget.
Korawa kang satus cacahe lan putra-putra Pandhawa padha gugur ing palagan.
No comments:
Post a Comment