RAMA LAN SHINTA



Rama, Shinta lan Lesmana nglajengaken lampah, mampir-mampir apuruhita dhateng para maharsi, sarta merangi danawa-danawa ingkang agora godha dhateng para tapa.
Duk nalika nagari Mantili wonten Sayembara. Dasamuka ugi tumut ngedegi sayembara, nanging mboten saged angsal kados Rama. Ing manke Dasamuka tampi palapuraning punggawa bilih wonten ing wana wonten satriya andon lelana, akandhi putrid pinunjuling warni. Dasamuka nginten bilih menika Shinta, nedya badhe dipun rebat. Ditya Marica kekasihipun Dasamuka menggak, amargi boten prayogi sanget ngebat garwaning liyan. Kaping kalih satriya Rama boten kenging dipun sumawa. Dasamuka saka langkung duka ditya Marica me dipun pejahi. Marica angasih-asih, menawi Dasamuka pancen boten kersa ndhahar aturipun. Marica lajeng sagah mbiyantu kalampaing sedya.

Dasamuka saha Marica sami dhateng wana. Ditya Marica mindha-mindha kidang tutul, sae sanget wujudipun, anggegodha dateng dumuginipun Rama sakanthinipun. Dewi Sinta priksa kidang wau lajeng kapencut. Rama lajeng mbujeng, Lesmana kadhawuhan nengga Dewi Shinta.
Kidang jinemparing lan kenging lajeng nyuwanten sora. Pangintenipun Dewi Shinta menika sambatipun Rama. Mila lajeng dhawuh dhateng Lesmana supados tetulung. Dewi Shinta kantun piyambakan, lajeng kacidra dening Dasamuka, kabekta malah lajeng dipun brodholi wulunipun.
Satriya Rama kaliyan Lesmana wangsul anggenipun mbujeng kidang Sapinten cuwaning galih dene Dewi Shinta sampun boten wonten Kekalihipun sami nglacak icaling sang Dewi. Dangu-dangu kepanggih Jatayu lan criyos kedadosanipun.
Wonten ing redi Reksamuka, satriya Rama kepanggih wanara anama Anoman dipunaturi dhateng redi nulu nulungi Sugriwa ingkang memengsahan kaliyan subali, lalampahan Subali kasoran nemahi pralaya. Sugriwa dalah kaliyan wanara sanesipun sagah nglabuhi Rama nglurug dhateng Ngalengka ngebat Dewi Shinta. Anoman kautus mbuktekaken sarta saged angsal bukti menggahing tetelaning setynipun Dewi Shinta dhateng Rama Wijaya. Anoman ngobrak-abrik taman Soka minangka cecala bilih satriya Rama badhe dhateng ambangun perang.
Seganten ingkang dhateng Ngalengka dipun tambak dening wanara kangge margi dhateng Ngalengka. Wadyabala Ngalengka ugi sampun samekta. Arya Wibisana mbalik tumut Rama Wijaya, amargi tindakipun raka Dasamuka boten leres, naming putranipun nama Trijatha katilar saperlu njagi saha ngladosi Dewi Shinta wonten ing Ngalengka.
Campuhing yuda dados perang ageng. Wadyabala Ngalengka kathah ingkang pejah kenging jemparing Rama Gua Wijaya. Putranipun Dasamuka, Indrajit, Trisirah lsp, ugi nemahi pejah. Kantuh Kumbakarna ingkang taksih nanging boten ketingal.
Kumbakarna dados senopati perang. Piyambakipun awujud buta (danawa) nanging luhur ing budi, ambek satriyatama. Wiwit perang piyambakanipun boten migatosaken babar pisan, amargi piyambakipun mboten nayogyani (sarujuk) tindakipun raka Dasamuka nyidra Shinta, prayogi enggal dipunkonduraken.
Nalika dipunpadosi Kumbakarna nuju sare, sareng dipun lapori menawi mengsah lumebet kitha, Kumbakarna mboten lenggana ngglenngahi pambekaning satriya tanah wutah rah kancikan mengsah tetep manteb badhe labuh bangsa lan nusa. Mengsah ing rana boten nedya angunduri, dumugining pejah boten ngingkedi. Arya Kumbakarna enggal mlumpat medal ing jawi, Campuh perang kaliyan Sugriwa temahan tiwas nanging piyambakipun sampun netepi wajibing satriya tama.
Kantun Dasamuka mengsah Rama, piyambakipun tiwas. Negari Ngalengka bibar. Arya Wibisana kajumenengaken nata nggentosi kepraboning raka. Rama Wijaya mboyong Dewi Shinta kondur dhateng Ayodya.

No comments:

Post a Comment