Cerpen PASRAH



Najan ana ing pinggire jurang kang cerung, dheweke rumangsa aman, amarga wis adoh saka kutha. Anggone mlayu direwangi nasak-nasak metu alas nganti tekan sapinggire jurang tansah nggawa rasa was lan kuwatir
Pawongan iku aran Tomin. Bisa lolos saka panggrebege polisi. Nalika dheweke ngampok ing omah gedhong ana kutha, wis ana telung dina telung bengi anggone mlaku tansah dhedhemitan.
“Yen aku nenggalke papan kene ateges aku pasrah marang sing berwajib, kamonggko wetengku krasa kaliren, njur apa sing arep dakpangan, najan aku nggawa dhuwit akeh leh ku ngrampok, “ grenenging karo mapan lungguh, nyawang mengisor krungu swara kemricike banyu kali kang buthek.

Derewangi  nganti kedlarang-dlarang tekan sapinggire jurang, betheke ya mung kepingin urip. Direwangi melu ngrampok  bot-bote nglabuhi anak bojo kareben urip mulya, wis keselak diuber-uber polisi.
“Nanging nyatane kowe ya mung kaya ngene. Apa kowe kudu ngadhepi pepati kanthi cara liya, jalaran kowe mati kaliren, najan kowe nggawa dhuwit akeh, ora ana panganan sing kena mbok  tuku” panyaruwe swara  kang nyalawadi.
“Lho, keneng apa aku kudu wedi mati. Jalaran atiku serik marang wong-wong sing ana kutha kene, “ wangsulane pak Tomin karo lingak-linguk nggoleki arahe swara, nanging mung keprungu swara jantunge sing nitir.
“Sapa ta satemene kowe iki ?” Tomin mbaleni takon.
“Aku sing tansah ngetut lakumu. Sejatine kowe weruh aku nanging  ora ngerti sejatine aku,” wansulane swara kang nyalawadi.
“Njur swarane sapa kuwi mau ?” ngrenenge Tomin.
Pikire tansah judheg mapan semendhe ing perenge jurang karo nyawang awing-awang kan suwung kanthi rasa keduwung, “ Apa aku kudu pasrah ? Ora !”
Batine tansanya ngunngun, “geneya aku pisah karo kanca-kanca, apa dheweke kecekel, ditembak dening polisi ?” lagi rumangsa lan percaya Manawa urip iki ana sing mayungi.
“Apa kowe  sing mayungi uripku, sing tansah ngetut lakumu, yagene naliko arep tumindak ala kowe ora gelem ngelingake ?” takone  Tomin marang arahe swara nyalawadi, nanging ora antuk wangsulan.
Ing telenging ati, kelingan marang Gusti ingkang Maha Wikan, arep nyebut Asmane, lathi angel nggo ngucap. Nanging rumangsa dipirsani dening Gusti. Ati rasane ora kuwat nyampeti, ngrumangsani yen wis dadi manungsa letheg, kebak dosa, ngrampog bandha lan nyawa.
“Dhuh, Gusti, Panjenengan ingkang ngayomi gesang kawula, Panjenengan ingkang paring pitulungan, ingkang paring pitedah, Dhuh, Gusti, kula nyuwun pangapura, kula tiyang ingkang kebak dosa kapercayan masyarakat inggih sampun sirna. Dhuh, Gusti Panjenengan ingkang saged natal an nggrenahaken gesang kawula. “ mangono panyuwune lan pisambate.
Dheweke rumangsa keduwung kang kebacut ditindakake. Luhe netes nelesi pipi ora dirasa. Sakala nglokro pikire, nuli ngadeg ing  pinggir jurang tuwuh niat arep nganyut tuwuh, ngglundhung jurang. Mripate merem pet, karep ben ora weruh lan kelingan lelakon iki.
“Heee, Tomin, wurungna niyatmu, elinga marang anak lan bojomu, elinga marang wong tuwamu lanang sing wis tuwa kae ora ana rewange, “ welinge swara nyalawadi
Tomin murungake niyate, kelingan sawise ditinggal ibune kang kinasih tilar donya, bapake tansah nandang lara-laranen karana umure wis tuwa.
“Muga-muga kowe besuk aja kaya tumindake bapakmu ngene iki, tansah ngumbar nafsune, suthik tanggung jawab, “ grenenge Tomin nalika kelingan anak-anake sing ana ngomah.
Dheweke banjur mapan lungguh, pikire sansaya nglangut minyak gegambaraning tembe mburi kang isih nyamut-nyamut.
“Pancen ndonya iki kebak kaendahan, nanging kudu eling sabubare urip iki bakal ana urip maneh kan urip langgeng. Ing kana ora ana wong pangkat, derajat, sugih lan mlarat, naging ora saben wong bisa mapan ing kana. Kabeh mung gumantung tumindake nalika urip iki,” swara nyalawadi ngelingake maneh.
“ Aku kudu kepriye, apa kang kudu kang taktindakake ?” grenening Tomin karo menyat ninggalake papan kono, wetenge selak kebacut kaliren. Mbok Manawa ing karang padesan mengko bisa kepethuk panganan apa wae, kena kanggo ngganjel weteng.
Liwat bulak dawa kang aluk-aluk, tekan padesan mung lingak-linguk sesawangan tegal lan sawah katon bera, lemah bengkah pada nela katon menga, wit gedhe gogrog godhonge, krana keterak panase mangsa ketiga kang isih dawa. Mung keprungu swarane wong kang lagi adzan pratandha wektu asar wis teka, ngelingake marang umate amrih pada nindakake kuwajiban manembah marang  Gustine.
Tomin banjur marani arahe swara. Nyedaki  dununge langgar. Ya ing kono papane wong-wong pada ngaji, tansah mituhu, midhangetake dhawuhe Mbah Kyai kang methik saka ayat suci.
“Sapa wae kang nindakake kabecikan, najan mung sabobote semut pudhak, dheweke bakal weruh piwalese. Lan sapa tumindak ala, najan mung sabobote semut pudhak dheweke bakal weruh piwalese. Lan kanggo mapag tekane dina-dina kang kebak pangapura mula jeroning sasi pasa iki ayo pada ningkatake anggone nindakake ngibadah, ngakeh-akehake amal shodaqoh marang wong-wong sakiwa tengen iki isih mbutuhake, “ mengkono dhawuhe mbah Kyai.
Keprungu dhawuhe mbah Kyai mengkono Tomin rumangsa kebukak atine, sakala iku tumuli tuwuh niyat reresik awake, adus lan wudu ana sumur sacedhake papan kono, njur munggah langgar nindakake sholat asar. Sawuse rampung dheweke banjur nyedaki Kyai karo ngethungake tangane, salama lan matur apa anane kang mentas ditindakake nganti kedlarang-dlarang tekan papan kono.
Kyai sepuh kang isih lungguh ngadhepi wong-wong lan bocah sing  isih padha ngaji krungu apa kang dikandhakake Tomin mung mesem karo sirahe manthuk-manthuk, njur ngucap, “Gampang ngono wae kok angel-angel. Balekna apa sing wae sing udu duwekmu, tinggalna tumindak kang mengkono iku, gelema tobat pasrah, akeh-akehna nyebut asmane Pangeran, maca istighfar, maca kalimat thayibah, mengko kowe bakal mengerteni sapa sejatine swara mau,” njur kanthi sareh Kyai tuwa iku ngulungake tasbeh, Tomin banjur Ndudut dhuwit saka sak klambine, diulungake mrang Mbah Kyai.
“Aku mau rak wis kandha, balekna apa wae sing dudu duwekmu, mula aku ora bisa nampa dhuwit kuwi. Kowe enggala bali mulih, tanggung jawabmu isih akeh, “panulake mbah Kyai karo ngongkon enggal bali..
Tomin pamitan, tasbeh lan dhuwit dilebokake ana njero sak klambine maneh.
“Rumangsane, dupeh kahananku kaya mengkene, “ ngrenenge Mbah Kyai jroning batin karo nyawang Tomin jumangkah ninggalake papan kono.
Ora watara suwe lakune Tomin wis tekan  sanjabane desa. Dheweke ora ngira Manawa wiwit mau tansah dibuntuti dening polisi.
“Jangan bergerak ! Angkat tangan !” polisi cacah papat, sing loro menganggo sragam dines lengkap, sing loro maneh mung menganggo pakeyan preman nodhongake Pistole.
“Saya menyerah ! ucapane Tomin karo ngangkat tangane loro. Salh sijining polisi jumangkah nyedak, nuli mborgol tangane Tomin, najan tangane diborgol dheweke iseh kober ndudut tasbeh saka njero sak, nenteng tasbeh karo mlaku digiring, diunggahake mobil dhines polisi, kijang brondhol.
“Apa-an, tuh, kemarin aje kliyaran di kota nenteng duit isi milyaran, sekarang udah diborgol baru nenteng tasbeh. Tobat ni yee!” aloke salah sawijining polisi bantuan saka Jakarta sing menganggo pakeyan preman karo munggah mobil arep mapan lungguh ing jok mburi.”

No comments:

Post a Comment