MASJID SANTREN BAGELEN



Mesjid santren Bagelen mapan ing desa Bagelen, Kecamatan Bagelen , Kabupaten Purworejo. Mejid iku mujudake mesjid kang wus tuwa lan dadi  sawijining Cagar Budaya, amarga dibangun  taun 1631. Mesjid Santren dibangun dening arsitek Kasan Muhammad Shuufi, minangka utusan saka garwa dalem Raja Mataram Sultan Agung kang mukti wibawa antaraning taun 1613-1645 yaiku dadi gebungan minangka Kiai Baidowi, ngrewangi Mataram nglawan Walanda.
Bukti Manawa masjid Santren iku dibangun minangka
utusan garwa dalem Prameswari raja Mataram yaiku ana ing salah sawijining “Saka Rawa” kang mapan ana sisih lor mihrob, kanthi awujud prawasthi Aksara Arab. Tegese: “Masjid  iki dibangun ing  Negara kang Agung kanggo ngurmati para leluhur minangka utusan garwa  dalem Prameswari Sultan Mataram, kaparingake kanggo Ustadz Baidhowi lan sejatine kang gawe masjid iki yaiku “Kasan Muhammad Shuufi”. Muga-muga dheweke pinaringan Rahmat  Allah donya lan akhirat lan tinetepna imane.
Saka sakabehing sumber, wilayah-wilayah Bagelen pranyata wis ngadeg nalika Sadurunge agama Islam mlebu ing tlatah Bagelen. Iku mau bisa kabuktekake saka temonan “artefak” awujud stupa, lingga lan yoni.
Masjid  Santren Bagelen iku digawe nganggo “arsitektur” carane tradisional Jawa, yaiku wangunan omah kang awujud empyak tajuk tumpuk siji Manawa kayune padha karo kang ono ing Masjid Menara  Kudus  lan mesjid Kajoran Klaten, mula bisa dikira Manawa wangunan kabeh saka jaman kang bebarengan
Ing sisih lor lan kidul masjid, minangka salarik pasareyan kang diwenehi cungkup lan uga ana kang di tengeri prasasti. Ana ing njero  masjid bisa ditemoake kang antara tembok kang kapisan ana 12 “sakarawa” lan salah sawijining iiku ana kang tinulis aksara Arab, kang nerangake tujuan mesjid iku dibangun.

No comments:

Post a Comment