Obyek wisata Dieng



Hawane sing adhem sarta swasana sing akeh udan, lemahe subur, sakiwotengen dalan katon wit-witan, kekembangan sing maneka warna ndadekake Dieng endah. Jenenge  Dieng pancen saka Adi tur Aeng. Endah tur nyala wadi sarta nengsemake. Dieng duweni teges Gunung lan Hyang, pancen papane ana puncak, sepi lan wingit. Ora aneh yen duwe jeneng Ardi sing tegese gunung lan Hyang sing tegese Dewa, maksude panggonane dewa-dewa ana kahyangan. Mula dibangun candi-candi ana dhataran Dieng sing amba ana ing dhaerah Wanasaba lan wis tuwa umure ing Indonesia.

Candi kasebut ditemokake dening HC Cornelis taun 1814 kanthi kahanan sing rusak. Nalika taun 1856 J.Van Kinsbergen. Ahli purbakala saka Landa bisa ndandani candhi. Miturut cathetan sejarah, Chandi Dieng dibangun udakara abad VII lan abad XII, nalika kekuwasaane Kerajaan Kalingga saka Dinasti Sanjaya. Sing narik kawigaten anane candhi-candhi, kabeh dijenengi nganggo tokoh wayang sing kondhang ing kalanganing masyarakat Jawa kayata : Candhi Gatutkaca, Candhi Bima, Candhi Arjuna, Candhi Sembadra, Candhi Srikandi lan Candhi Semar. Kabeh tokoh wayang kang nduweni budi luhur kaya dene Arjuna tokoh kang biso nylametake Kahyangan saka pengamuke raseksa Niwatakawaca. Semar yaiku salah sijine punakawan titisani sang Hyang Ismaya sing banget sektine lan gedhe prabane tumrap  panguripane para satriya pandhawa. Srikandi lan Sembadra di garwa dening Raden Arjuna, Sembadra nduwe kaluwiahan ayuning rupa. Ana legenda sing unine mengkene, “Sapa bae sing ana jeroning candhi Sembadra lan ketetesan bun sing ana tembok candhi, bakale dadi wong sing ayu kaya ayune Sembadra.”
Kebon-kebon sayuran kaya dene kenthang sing nyebar lan numpuk ana ing sakiwa tengene dalan, dijarke kena udan kareben resik seka lemah sing nempel sawise resik nembe digawa menyang pasar.
Uga kekembangan kang gawe sengseming sesawangan ing Dieng. Aenge Dieng yaiku anane kawah si Kidang. Dijengi si Kidang amarga kahanane kawah vulkanik saka kepundhaning gunung si ketok, koyo kidang mlayu. Ana uga tlaga warna, sing menehi pemandangan sing aeng, miturut dongeng ya ing tlaga wana kono panggonane adus dewa-dewi saka kahyangan sarta rupane banyu sing maneka warna, sakan anane sorot wit-witan lan kekembangan maneka warna sing ana sakiwa tengene tlaga.

No comments:

Post a Comment