Cerpen Durung Kelair



Narwan atine goreh, libur panjang sesasi iki arep mulih apa ora? Nek ora, rasane kok wis kangen banget marang swasana ngomah, desa kluthuk sing adoh keramean, nek bengi isih krungu swara kodhok sesautan. Ning anggere kelingan welinge ibune sing wanti-wanti atine banjur mbleret.
Bus Sastro ibune Narwan, ora seneng anake lanang caket lan kepara raket karo Ningsih bocah tangga desa. Keluargane Ningsih sing saka kutha lan uripe modern. Narwan sing calon guru olahraga kuwi, nalika isih ana ngomah, sik dijaluki tulung ibune Ningsih, ngajari renang, tenes lan apa wae sing
Ningsih seneng, mula kekarone kerep runtang-runtung.
Ana unen-unen witing tresna jalaran saka kulina. Meneng-meneng Narwan mambu ati karo Ningsih, semono ugo Ningsih. Ngelingi Narwan lagi wae lulus, mula durung wani neko-neko.
E …… ndadekake bungahe bu Sastro, dene adhine sing mulang ana Surabaya ngabari, yen Narwan dikon nusul neng Surabaya, mergo ing sekolahane ana lowongan. Nalika Narwan arep budhal, ibune kanda, “Narwan! Kowe sing madhep mantep atimu, rasah mikir apa-apa ya, le, nek durung apese setaun kowe aja mulih. Rasah kecanthel wadon neng paran, prayoga yen golek bocah desa sing bisa nggendhong tenggok.
Bareng wis dienam-enam pikire, tur ngelingi yen olehe ninggal omah wis genep setaun, Narwan mutusake muleh.
Liburan dawa iki arep mulih gawe kejutan, luwih-luwih kanggo Ningsih. Kesenengane Ningsih kabeh Narwan isih kelingan upamane apel, kwaci lan bandeng. Lan suk yen bali arep ditukokake kanggo oleh-oleh. Dina senen sesuke wis wiwit libur, ning Narwan setu awan gawane sing arep digawa mulih wis dicepakake, klebu oleh-oleh kanggo Ningsih, niate arep mumpak bis sing esuk dhewe, mengko tekan Yogya bar surup. Ora kacarita lakune bis sing ditumpaki Narwan, mlebu kutha Yogya. Mudhun saka bis Narwan marani dhingklik,  rekane arep lungguhan dhisik nglempeng awak, ning ndadak saka sisih kiwane keprungu wong undang-undang.
“Mas … ! Mas Narwan,” Narwan lingak-linguk nggoleki asaling swara. Jejagik jebul saka arah ngarep kalingan sedhan sing diparkir. Ningsih semu mlayu nyedhak karo takon, “Sugeng ta, Mas?” terus salaman karo Narwan. Banjur Narwan takon, “ Dhik Ning, kok nengkene methuk sapa?”
“Lha ya methuk panjenengan ta, mas.” Wangsulane.
“Kok ngerti nek aku bali, dhik, mangka aku ora ngabari sapa-sapa,” kandhane Narwan semu gumun.
“Yang  mung kebeneran, Mas, atiku kok krasa nek panjenengan dini iki kondur, mula aku njur neng terminal iki mau,” kandhane Ningsih.
“Oh adhiku, Ning, semono landheping pangrasamu. Banjur Narwan ngajak. “ dhik Ning, yo golek ngombe … aku ngelak.
“Ayo Mas, takdherekake ning aku ora,” kandhane Ningsih, sidane wong loro runtang-runtung mlebu rumah makan, Narwan mung pesen es the siji, awit Ningsih emoh tenan. “Ning sliramu dak sawang wiwit mau rapa pucet, dhik gek-gek masuk angin ora mbok rasakke. Cepet kondur wae pa, takterke? “ kandhane Narwan, “Aja Mas, panjengan rak durung tekan ngomah, sesuk wae neng nggonku, ditunggu olehe crita,” karo kandha ngono, drijine nudingi toilet, Narwan tanggap yen dheweke arep neng mburi. Nganti sajam ditunggu ora bali, digoleki ora ketemu. Narwan yakin yen Ningsih wis bali dhisik, wedi yen diterke. Mesthine mesakke, Narwan isih kesel. Tekan ngomah, sawise ngaturi oleh-oleh ibune, kedaya awak kesel, mlebu kamar, bleg sek Narwan tutu tekan esuk. Tangi-tangi wis awan therang-therang.

No comments:

Post a Comment