WONG JOWO IKU LUWAR BIASA



Geneya basa jawa kudu tansah dilestarekake, di jaga terus aja nganti mati, miturut pamanggihe Dr. H. Soenarjo,M.Si alasne cetha : iku bahasa Ibu! Bangsa, sakabehing bangsa ing salumahing bumi iki, tumrap kang duwe basa  lan aksara (huruf). Contone wong jowo iku cacahe ora akeh, lan bangsa mau kena digolongake bangsa kang sampurna. Ansa sing luwar biasa. “Ora kabeh bangsa ing donya iki duwe tulisan kaya bangsa Cina, Jepang lan Romawi. Wong Jawa duwe aksara ha, ca, ra, ka. Iku luwar biasa. Mula pantes basa jawa kalebu ing tataran 10 besar
bahasa di dunia!”
Kang mrihatinake, senajan jumlah penuture mau ing Indonesia luwis saka 80 juta jiwa, ewadene, miturut komentare pak Naryo :”belum mendominasi” Dhalang wayang kulut kondhang ini paring pawangsulan, sebab: saiki Basa Jawa wis dudu basa ibu maneh. Iki kaprabawan saka anane mobilitas masyarakat kang saya jembar tebane, sarta saya akehe wong jawa kang pandha nindaake kawin silang.
Wong jawa kang transmigrasi menyang luwar jawa ora nyebabake basa jawa berkembang ing papane sing anyar.  Sebab pendhudhuke asli tetep nggunakake bahasane dhewe! Kosok baline mobilitas pendhudhuk luwar Jawa ing kene tambah saya hebat. Ora sethithik cacahe wong luwar  Jawa teka bara golek pangan neng kene. Saka segi budaya bangsa iku njalari saya akehe “pilihan-pilihan instant”. Kabeh nunut njaluk sarwa cepet. Klebu ing bab budayane, akeh sing wis nyimpang saka pakem asline. “tuntutan alam saiki kabeh pancen njaluk sarwo ekonomis. Tari gathut kaca Gandrung kang mbiyen suweni setengah jam, saiki dicupet 10 menit kudu rampung, akibate, olehe padha ngaku tresna marang kabudayane dhewe apresiasine kurang mendalam.
Klawan nggelar KBJ IV/2006 ing Semarang iki, diajab sakehing pepalang kang ngerendheti bisa diprantasi. Klebu gembar gembore konggres kang tujuane antara liya jare arep nguri-uri, nglestarekake basa/kabudayan Jawa, kudu ana asile. Aja nganti konggrese bubar, njur bar ora ana bacutane.
Konggres kudu wani ndeseg pemerintah murih kurikulum wulangan basa Jawa diwajibake ing sekolah-sekolah. Sasuwene ini murid-murid mung diweleg ilmu bangsane matematika, fisika, bioligi. Ning ora tau didhidhik ilmu-ilmu kang sifate humainora. Guru sejarah, guru kesenian,  guru bahasa jawa kurang. Budipekerti wis ora diwulangake. Bukti nyata wis nuduhake, pemerintah kurang menehi ruang gerak marang bidang siji kuwi.
Kanggo ngujudi kekundangan ing ngarep perlu komitmen saka kabeh pihak pemerintah uga kudu duwe konsep sing jelas : selektif, TV aja diajarake umbar-umbaran. Inovatif dan kreatif (VCD oleh waton ora cengkah karo tatanan etika sopan santun). Duwe pilihan tepat, kesenian/kabudayan aja mung didadekake klangenan. Pungkasan pemberdayaan, pengguna, penanggap, penikmat seni kudu diberdayakan.”Pangajbku, kongres Basa Jawa taun iki kudu bisa nglairake keputusan.

No comments:

Post a Comment