Rama, Shinta lan Lesmana nglajengaken lampah, mampir-mampir
apuruhita dhateng para maharsi, sarta merangi danawa-danawa ingkang agora godha
dhateng para tapa.
Duk nalika nagari Mantili wonten Sayembara. Dasamuka ugi
tumut ngedegi sayembara, nanging mboten saged angsal kados Rama. Ing manke
Dasamuka tampi palapuraning punggawa bilih wonten ing wana wonten satriya andon
lelana, akandhi putrid pinunjuling warni. Dasamuka nginten bilih menika Shinta,
nedya badhe dipun rebat. Ditya Marica kekasihipun Dasamuka menggak, amargi
boten prayogi sanget ngebat garwaning liyan. Kaping kalih satriya Rama boten
kenging dipun sumawa. Dasamuka saka langkung duka ditya Marica me dipun pejahi.
Marica angasih-asih, menawi Dasamuka pancen boten kersa ndhahar aturipun.
Marica lajeng sagah mbiyantu kalampaing sedya.
Dasamuka saha Marica sami dhateng wana. Ditya Marica
mindha-mindha kidang tutul, sae sanget wujudipun, anggegodha dateng dumuginipun
Rama sakanthinipun. Dewi Sinta priksa kidang wau lajeng kapencut. Rama lajeng
mbujeng, Lesmana kadhawuhan nengga Dewi Shinta.
Kidang jinemparing lan kenging lajeng nyuwanten sora.
Pangintenipun Dewi Shinta menika sambatipun Rama. Mila lajeng dhawuh dhateng
Lesmana supados tetulung. Dewi Shinta kantun piyambakan, lajeng kacidra dening
Dasamuka, kabekta malah lajeng dipun brodholi wulunipun.
Satriya Rama kaliyan Lesmana wangsul anggenipun mbujeng
kidang Sapinten cuwaning galih dene Dewi Shinta sampun boten wonten Kekalihipun
sami nglacak icaling sang Dewi. Dangu-dangu kepanggih Jatayu lan criyos
kedadosanipun.
Wonten ing redi Reksamuka, satriya Rama kepanggih wanara
anama Anoman dipunaturi dhateng redi nulu nulungi Sugriwa ingkang memengsahan
kaliyan subali, lalampahan Subali kasoran nemahi pralaya. Sugriwa dalah kaliyan
wanara sanesipun sagah nglabuhi Rama nglurug dhateng Ngalengka ngebat Dewi
Shinta. Anoman kautus mbuktekaken sarta saged angsal bukti menggahing
tetelaning setynipun Dewi Shinta dhateng Rama Wijaya. Anoman ngobrak-abrik
taman Soka minangka cecala bilih satriya Rama badhe dhateng ambangun perang.
Seganten ingkang dhateng Ngalengka dipun tambak dening
wanara kangge margi dhateng Ngalengka. Wadyabala Ngalengka ugi sampun samekta.
Arya Wibisana mbalik tumut Rama Wijaya, amargi tindakipun raka Dasamuka boten
leres, naming putranipun nama Trijatha katilar saperlu njagi saha ngladosi Dewi
Shinta wonten ing Ngalengka.
Campuhing yuda dados perang ageng. Wadyabala Ngalengka
kathah ingkang pejah kenging jemparing Rama Gua Wijaya. Putranipun Dasamuka,
Indrajit, Trisirah lsp, ugi nemahi pejah. Kantuh Kumbakarna ingkang taksih
nanging boten ketingal.
Kumbakarna dados senopati perang. Piyambakipun awujud buta
(danawa) nanging luhur ing budi, ambek satriyatama. Wiwit perang piyambakanipun
boten migatosaken babar pisan, amargi piyambakipun mboten nayogyani (sarujuk)
tindakipun raka Dasamuka nyidra Shinta, prayogi enggal dipunkonduraken.
Nalika dipunpadosi Kumbakarna nuju sare, sareng dipun lapori
menawi mengsah lumebet kitha, Kumbakarna mboten lenggana ngglenngahi pambekaning
satriya tanah wutah rah kancikan mengsah tetep manteb badhe labuh bangsa lan
nusa. Mengsah ing rana boten nedya angunduri, dumugining pejah boten ngingkedi.
Arya Kumbakarna enggal mlumpat medal ing jawi, Campuh perang kaliyan Sugriwa
temahan tiwas nanging piyambakipun sampun netepi wajibing satriya tama.
Kantun Dasamuka mengsah Rama, piyambakipun tiwas. Negari
Ngalengka bibar. Arya Wibisana kajumenengaken nata nggentosi kepraboning raka.
Rama Wijaya mboyong Dewi Shinta kondur dhateng Ayodya.
No comments:
Post a Comment